Langsung ke konten utama

SARDOT PANGERTEN

 SARDOT PANGERTEN Sardot Ning taman bareng Juminten..   Sardot : Dik Jum?   Juminten : Dhalem mas..   Sardot : Yen pean dadi bojoku, pean ora tak olehi nyapu2 omah Dik..    Juminten : Ahh mas Adott.. (nyisir poni)   Sardot : Pean Ora tak olehi nge-pel omah..   Juminten : Ahh Mas adott pengerten banget.. Xixixixi   Sardot : Pokok'e pean ora tak olehi ngurusi pekerjaan omah Dik..   Juminten : Memange dhewe ameh ngingu pembantu to mas?   Sardot : Ora Dik..   Juminten : Lhaa terus sopo sing ameh ngurusi omah mas?   Sardot : .. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . Opo sing ameh di urusi? wong omah wae aku ora nduwe huekekekek!   *Juminten nesu ngajak mulih..
 RAZIA KEWAN
Wektu iku lagi musim flu burung,,ing desone Sardot lagi gencar-gencare razia kewan...

Sardot : arep nangendi dron???

Sodron : arep nang pasar kewan adol pitik dot...mumpung durung dirazia.,

Sardot : waah..jane eman2 yen pitikmu mok dol (dijual),,mesti regane murah...sebab iki lagi musim flu burung..

Sodron : aku yo ngerti dot regane bakal murah..tapi kepiye maneh,,kanggo ngurangi kerugian mending yo di dol??

Sardot : ngopo kok gak mbok amalke wae.. kan kowe oleh pahala akeh yen ngamal..

Sodron : diamalke nangendi dot..??

Sardot : kae lho mending PITIKMU DIAMALKE NANG GARANGAN (LUWAK) SING MANGGON NANG PINGGIR DESO KAE,,,wkwkwkwkwk (guyu luwak)

Sodron : kampret kowe dot..,(nguncali pager)

Ing liyo dino Sardot ketemu Sodron maneh..

Sodron : lhooh dot..esuk2 ameh nangndi??

Sardot : anu dron...aku ameh adol kebo..

Sodron : emange ngopo kok arep adol kebo?? kanggo nyaur utangmu yo???

Sardot : ora dron..sebab saiki akeh razia..

Sodron : waxaxaxaxa...DASAR BOCAH RA GENEP..emange kebo iso ketularan flu burung..???

Sardot : emang sing ngomong kebo ketularan flu burung yo sopo??

Sodron : lha trus..

Sardot : wingi aku nonton tv..

Sodron : iyo..trus..

Sardot : aku nonton berita..

Sodron : wah..apik kuwi.,trus brita opo kok nganti kebomu langsung mbok dol..??

Sardot : isi britane.....
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.

.....SAIKI AKEH RAZIA PASANGAN KUMPUL KEBO.,.mergo wedi dirazia,langsung tak dol wae keboku..

.
.

Sodron : (tibo jungkel trus tangi)...doot wedusku dol-no sisan yo??

Sardot : emange ngopo kok di dol..

Sodron : aku wedi yen sak lebare razia pasangan kumpul kebo..trus ono RAZIA PASANGAN KUMPUL WEDUS...

Sardot : yo wis ayo bareng2 nang pasar kewan...

Akhire wong 2 iku mlaku runtung2 nang pasar kewan karo gandengan tangan...

@Jowonesia

[PLAT AD]
 
FROM : http://www.facebook.com/pages/PUSATE-PARIKAN-DAGELAN-WONG-JOWO/252222938154235 

Komentar